Sabtu, 08 Agustus 2015

GEGURITAN TEMA BATIK



KEBUDAYAAN BATIK
Dening : nabilla nurganda


Indonesia punika sugih
mewerna – werna lan apik
saka alam, budaya,
pangan, basa, lan busana

Sawijining batik
Batik iku apik
Akeh seni lan motif
Gambar daun lan kembang

Wong nganggo ora sethitik
Saka ngisor tekan dhuwur pada ramen
Saka alit tekan gedhe pada temen

Batik
Batik pancen endah
Seko warna lan motif
Corak daun lan kembang
Endah disawang lan endah dirasani

Batik
Kebudayaan khas indonesia
Warisan budaya sik kudu dijaga
Dijaga temenan karo putra bangsa
Ora dinggo guyonan lan ora dinggo dolanan

Batik
Lumrah negara tangga pada ngiri
Pada lomba pengen nduweni
Padahal, wong manca wis ngakoni
Batik iku asli nusantara
Siti ibu pertiwi

Awak dewe kudu bangga karo budaya dewe
aja nganti diaku - akui negara tangga
bisa gela tekan besok tuwa

NABILLA NURGANDA / 12 / X PENGAYAAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar